Contoh Teks Lomba Pidato Bahasa Jawa dalam Rangka Meriahkan HUT RI ke 77, Singkat dan Gampang Dihafal

- 14 Agustus 2022, 18:59 WIB
Ilustrasi Contoh Lomba Pidato Bahasa Jawa
Ilustrasi Contoh Lomba Pidato Bahasa Jawa /Pexels.com/A. S.

Bapak saha Ibu lan karyawan SMP .... ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Mangga kita sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun tasih saged kempal wonten ing ......... (nama tempat lomba), damel hang rawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Teng mriki kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia, ingkang kaping pitung puluh pitu, taun 2022.

Sampun atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda lan Jepang.

Mung landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika.

Rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Alhamdulillah, kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat.

Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.

Sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti sAllah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae. Aamiin.

Halaman:

Editor: Ahmad Fiqi Purba


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x