Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal

- 4 Mei 2023, 19:35 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal /pixabay

Allah Ta’ala paring pangandikan,
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wekdal menika kula panjenengan sami sampun mapan ing wulan Syawal. Wonten wulan menika kita sami disunnahaken shiyam kathahipun 6 dinten kang nami shiyam Syawal. Saget katindakaken langsung wiwite dinten kaping kalih Syawal kanthi urut saben dinten kayadene menika pendapate madzhab Syafi’I lan Hanafi.

Punapa saget diundur dumugi tengah-tengah wulan utawi akhir wulan kayadene pendapat mazhab Hanbali. Ingkang baken dereng medal saking wulan Syawal lan cacahe 6 dinten. Ananging khatib saranaken ampun kedangon anggone ngundur ibadah menika jalaran menungsa menika kathah luput lan supine.

Baca Juga: Survei: Elektabilitas Airlangga Terus Menanjak, Pengamat Sebut Siap Maju Capres

Mangga shiyam Syawal enggal-enggal dipun laksanakaken, supados kita kagolong tiyang ingkang tansah ijabah napa-napa kemawon perintah kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ

“He para wong Mukmin! Manawa sira padha didhawuhi supaya nindakake Agama kang nguripi sira kabeh nuli padha nyandikanana marang Allah lan UtusaNe. Lan padha mangertia sanyata Allah iku ngelet-eleti ana ing antarane manungsa lan atine, lang marang PanjenengaNe sira kabeh bakal dilumpukake!” (QS. Al-Anfāl: 24)

Lajeng babagan amalan utama wonten ing wulan Syawal yaiku shiyam sunnah menika dipun sabdakaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam wonten ing hadits Muslim nomor 1164 saking riwayat sahabat Abu Ayyub Al-Anshari,

Halaman:

Editor: Ade Kurniawan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x