Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal

- 4 Mei 2023, 19:35 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal /pixabay

Imam Hasan Al-Bashri paring nasehat,
إنَّ مِنْ جَزَاءِ الْحسَنَةِ الْحَسَنَةُ بَعْدَهَا، وَمِنْ عُقُوْبَةِ السَّيِّئَةِ السَّيِّئَةُ بَعْدَهَا، فَإِذَا قَبِلَ اللهُ الْعَبْدَ فَإِنَّهُ يُوفِّقُهُ إِلَى الطَّاعَةِ، وَيَصْرِفُهُ عَنِ الْمَعْصِيَّةِ
“Saktemene ganjaran saka amal kang bejik yaiku bisa nglakoni kabecikan sakbare, semana uga ganjaran saka dosa yaiku nglakoni dosa sakbanjure. Menawa Allah nampa amalan hamba saktemene Allah bakal paring Taufiq marang hamba menika wau supaya bisa tansah taat lan dipalingake saka maksiat.”

Sekawan: Pikantuk Tresane Allah lan Rasul

Tresna Allah lan Rasul menika anugerah kang agung kanggo hamba Allah. Menawa hamba menika sampun dipun tresnani Allah, tiyang menika inggih badhe ditresnani sedaya makhluk wonten ing bumi.

Kayadene hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ عَبْدًا دَعَا جِبْرِيلَ فَقَالَ: إِنِّي أُحِبُّ فُلَانًا فَأَحِبَّهُ، قَالَ: فَيُحِبُّهُ جِبْرِيلُ ثُمَّ يُنَادِي فِي السَّمَاءِ فَيَقُولُ: إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ فُلَانًا فَأَحِبُّوهُ فَيُحِبُّهُ أَهْلُ السَّمَاءِ، قَالَ: ثُمَّ يُوضَعُ لَهُ الْقَبُوْلُ فِي الْأَرْضِ

“Saktemene menawi Allah tresna dateng hambaNe, Allah nyeru malaikat Jibril, Sakteme Aku (Allah) seneng karo hambaKu fulan, mula padha tresno sira kabeh malaikat! Rasulullah ngendika, Jibril banjur tresna marang hamba mau lan banjur nyeru penduduk langit: Saktemene Allah tresna marang hambane sing neng bumi mula padha tresnoo sira kabeh marang dheweke. Lajeng sedaya penduduk langit tresna marang hamba Allah kalawau.”(HR. Muslim No. 2637)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah, Mekaten materi khutbah Jumat babagan faedah shiyam Syawal ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

 

Halaman:

Editor: Ade Kurniawan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x