Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal

- 4 Mei 2023, 19:35 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal /pixabay

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“Sapa wonge kang pasa Ramadhan sakbanjut dilanjutake pasa enem dina ana ing wulan Syawal bakal diwenehi ganjaran pasa setahun.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Menika wau amalan kang agung ganjarane wonten ing wulan Syawal, lajeng sejatose napa kemawon faedah kita sedaya dipun hasung nindakaken shiyam Syawal, kamangka kita sampun rampungan nglaksanakaken dhawuh agung saking Allah subhanahu wata’ala nggih punika shiyam Ramadhan. Wonten pinten-pinten faedah ingkang saget kita gayuh, inggih punika:

Setunggal: Nambal Kurange Shiyam Wajib Ramadhan

Manungsa menika pancene makhluk kang tebih saking kasempurnan wonten perkawis napa mawon, semanten ugi ing dalem ibadah menika nggih kathah kirange. Shalat kurang khusyuk, sedekah kurang ikhlas, shiyam kurang sabar lan sanese kekurangan ing dalem ibadah.

Ananging Allah Dzat kang Maha Sempurna sampun paring solusi kagem nambali kekirangan menika. Kanthi kita sedaya negakaken ibadah sunnah menika pinangka nutup kiranganipun ibadah wajib.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda wonten hadits riwayat Imam Ahmad hadits nomer 16614,

أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ صَلَاتُهُ فَإِنْ كَانَ أَتَمَّهَا كُتِبَتْ لَهُ تَامَّةً وَإِنْ لَمْ يَكُنْ أَتَمَّهَا قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ انْظُرُوا هَلْ تَجِدُونَ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ فَتُكَمِّلُوا بِهَا فَرِيضَتَهُ ثُمَّ الزَّكَاةُ كَذَلِكَ ثُمَّ تُؤْخَذُ الْأَعْمَالُ عَلَى حَسَبِ ذَلِكَ

“Amalan kang mulane badhe dihisap saking hamba yaiku shalat. Menawa disempurnakake bakal dicatet sumpurna (kalih Malaikat). Ananging menawa kurang sempurna Allah paring dhawuh: Deloken! apa hambaKu kui nduwe amalan shalat sunnah sakbanjur sumpurnakno amal wajibe (kang kurang) sarana amal sunnahe. Amal zakat ya semana uga lan amal liane ya padha diukumi kanthi kaya kui.”

Halaman:

Editor: Ade Kurniawan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x