Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal

- 4 Mei 2023, 19:35 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal Terbaru, tema Faedah Shiyam Syawal /pixabay

Kaleh: Pinangka Syukur

Shiyam Syawal menika kita tindakaken pinangka nyukuri nikmat Allah kang wujude saget nglaksanakaken ibadah Ramadhan sewulan muput. Menika nikmat Allah kang kedah dipun syukuri.

Syukur kang bener menika syukur kang mboten nabrak awisanipun Allah subhanahu wata’ala. Contone syukur kerana nikmat Allah diparing hasil sawah ladang kang sae ananging tiyang kala wau ngginakaken sebagian hasil kangge omben-omben kang haram, judi, zina, lan sak piturute. Sejatose syukur kang utama menika syukur kanthi ibadah dhumateng Allah.

Allah paring pangandikan,

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
“Lan supaya sira padha nyampurnakake wilangae puwasa mau lan padha ngegungna Allah dene anggone wus paring Pituduh ing sira kabeh lan supaya sira padha syukur.” (QS. Al-Baqarah: 185)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nglaksanakaken shalat kanthi dangu-dangu ngantos sukunipun bengkak, lan ibadah-ibadah sanes ingkang kathah. Nalika dipun tangleti punapa kedah mekaten Rasulullah? Piyambakipun ngendika,

أَفَلاَ أَكُونُ عَبْدًا شَكُورًا
“Apa aku ora diparengke dadi hambane Gusti Allah kang syukur?”(HR. Al-Bukhari No. 2819)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Mbiasakaken Taat

Saktemene ganjaran amal saleh niku mboten saklamine arupi hadiah-hadiah duniawi, utawi kang sifate materi. Kalebet balesan taat menika sanggup lan kuat nindakaken ketaatan sakbare kanthi istiqamah menika ugi ganjarane. Lan ing antawise tanda amal hamba menika dipun tampi Allah, tiyang kalawau tansah njaga ketaatan dhumateng ngarsane Allah subhanahu wata’ala.

Halaman:

Editor: Ade Kurniawan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x